Selasa, 05 Desember 2023

Materi Bahasa Jawa Kelas VI untuk belajar PAS 1

MATERI BAHASA JAWA KELAS VI
UNTUK BELAJAR MENGHADAPI PAS 1
TAHUN AJARAN 2023/ 2024

oleh : ETIK NURINTO, S.Pd.SD.

Wacan (Bacaan) no.1- 4

Jaran Kepang

Kaya adat saben taun, kanggo mengeti dina kamardikaning Desa Sentono Tawangsari, Kecamatan Kerjo Kabupaten Karanganyar nanggap jaran kepang. Jaran kepang digawe saka pring kang diirat utawa dibentuk dadi dolanan awujud jaran. Dolanan ang awujud jaran mau ditumpaki dening sawijining wong kang dadi paraga. Paraga mau banjur njoged dibarengi unine gamelan kang rancak. Rancake gamelan nambahi jogede para paraga dadi tambah luwes tur marakati.

Jaran kepang dianakake ing lapangan bal-balan. Akeh wong kang padha kumpul  ing lapangan kanggo nonton jaran kepang. Bocah-bocah cilik sing nonton katon seneng banget. Nanging ana uga kang keweden Amarga ana paraga jaran kepang sing kesurupan. Bocahe ndelik mburine kanca-kancane karo nutupi mripat. Nanging sadhela-dhela uga mbukak mripat, kepengin ngerti polahe jaran kepang.

No. 1- 4
1. Tontonan jarang kepang dianakake amarga ...mengeti dina kamardikan
2. Ana ngendi tontonan jaran kepang dianakake ? lapangan bal-balan
3. Apa sebabe bocah cilik padha keweden nonton jaran kepang ? ana jaran kepang sing kesurupan
4. para paraga jaran kepang jogede katon tambah luwes amarga...Swarane gamelan kang katon rancak


5.Kacarita , Gathutkaca adhep-adhepan karo ...Adipati Karna     ing perang Barathayuda.
6. Raden Gathutkaca watake ....luhur budine, jujur, seneng tetulung
7. Gamane Raden Gathutkaca sing bisa njalari Gathutkaca yen udan ora teles lan yen panas ora kepanasen yaiku ...Caping Basunanda
8. Raden Gathutaca iku putrane Raden .... Werkudara karo Dewi ...Arimbi
9. Prabu Kresna paring dhawuh marang Raden Gathutkaca supaya ngudurake prajurit Kurawa saka pakuwone Pandhawa . Dasar Satriya utama Raden Gathutkaca ...nyendikani dhawuhe Prabu Kresna.

Wacan kanggo No.10- 13


10.Bapak tindak menyang Solo ing daleme …pakdhe
11. Penulis lan kangmase nonton wayang ing THR Sriwedari kanthi lakon…Karna Tandhing
12. Penulis dolan menyang ...THR Sriwedari Solo
13. Ing ngisor iki dolanan modern kanggo bocah-bocah kang ana ing THR Sriwedari , kejaba...
       wayang kertas

14. Gatekna gambar


Tanggapan gambar kuwi sing bener yaiku ...becik amarga dadi rukun

15. Ibu....kondur saking peken nitih becak
16. Ukara becik ketitik yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ...


Tembang kanggo nomer 17-20

Mulane Wong Anom iku
Abeciking kang taberi
Jejagongan lan wong tuwa
Ingkang Sugih kojah ugi
Kojah iku warna-warna
Ana ala ana becik


17. Tembang ing dhuwur nduweni gatra cacahe ...6
18. Piwelang pupuh Kinanthi ing nduwur yaiku ...Wong enom luwih becik jagongan karo wong tua
19. Tembang ing dhuwur kalebu salah sijining tembang ...macapat
20. Guru lagu lan guru wilangan tembang kinanthi ing nduwur yaiku ...8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 7i

21. Raden Gathutkaca Satriya ing ... Pringgondani
22. Raden Gathutkaca bisa mabur tanpa elar, amarga nganggo pusaka .. Kotang Antakusuma
23. Kabudayaan Jawa perlu diuri -uri supaya tetap bisa ... lestari, ora ilang kecaplok jaman
24. Adkar Java musik ingkang dipunpandhegani dening Joko Mursito. 
      Tembung "dipunpandhegani" tegese ...dipimpin
25. Tiba seko sepedha iku kelebu pengalaman sing ... nyedhihkake
26. Pokok-pokok cerita digawe sakwise nentokake ... topik/ tema
27. 
   diwaca ... Tedhak Siten

28. Wong kang diarani apik kuwi pawongan kang ...becik lan welas asih 

tembang Kinanthi ing ngisor iki kanggo njawab nomor 29 dan 30

            Kinanthi

Tetiyang sae puniku
Kang tansah ngreh lampah becik
Welas asih mring sesama
Ngedohken tumindak Juti
Angudi lampah utama
Tan kendhat amulat dhiri


29 Guru gatra lan guru wilangan tembang Kinanthi kuwi yaiku ... 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 7i 
30 Tembang Kinanthi kuwi ana ... gatra (baris)

31. Gawekna Cerita Pengalamanmu sing paling kosenengi. Tulisen cekak nganggo basa padinanmu wae !
(Jawaban setiap anak berbeda, tulislah cerita pengalamanmu yang kamu sukai, bebas, singkat dan gunakan bahasa sehari- hari)

32. Tembang 

Sapa Sira Sapa Ingsun
Angalunyat Sarta Edir
Iku wewatone uga
Nom-noman adoh wong becik
Emoh angrungu carita
Carita ala miwah becik


Kepiye polahe wong enom jaman saiki miturut pupuh kinanthi ing nduwur !

Wong enom sing ora akrab karo kanca, senenge nglunjak lan pamer, adoh saka perilaku kang becik

33. Tulisen nganggo aksara Jawa ukara-ukara ing ngisor iki !
      a. Tata krama iku perlu
      b. Bebrayan kudu tepa slira

a. 
b. 


34. kepriye polahe jaran kepang ?
    Jaran kepang digawe saka pring kang diirat utawa dibentuk dadi dolanan awujud jaran. Dolanan kang awujud jaran mau ditumpaki dening sawijining wong kang dadi paraga . Paraga mau banjur njoged dibarengi unine gamelan kang rancak

35. Apa wae watake Raden Gathutkaca sing perlu dicontoh !
becik dan luhur budine, jujur, kendel, waspada, trampil, seneng tetulung, tresna asih marang sedulur, mbelani kang bener, tansah ngabekti marang wong tua

=================== selamat belajar =================


CATATAN :

guru wilangan adalah banyaknya jumlah suku kata dalam setiap baris tembang macapat.
contoh :  

Sapa Sira Sapa Ingsun  

Guru wilangannya ada 8 = Sa-pa-si-ra-sa-pa-ing-sun 


guru gatra adalah banyaknya jumlah larik dalam satu bait.

guru lagu adalah persamaan bunyi sajak pada akhir kata dalam setiap baris

Syair

Guru Lagu

Sapa Sira Sapa Ingsun

u

Angalunyat Sarta Edir

i

Iku wewatone uga

a

Nom-noman adoh wong becik

i

Emoh angrungu carita

a

Carita ala miwah becik

i


12

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Materi Bahasa Jawa Kelas VI untuk belajar PAS 1

MATERI BAHASA JAWA KELAS VI UNTUK BELAJAR MENGHADAPI PAS 1 TAHUN AJARAN 2023/ 2024 oleh : ETIK NURINTO, S.Pd.SD. Wacan (Bacaan) no.1- 4 Jara...